Sabtu, 28 November 2020

Khutbah Jum'at Bahayane Lali Marang Awa’e Lan Tanggung Jawabe

Bahayane Lali Marang Awa’e Lan Tanggung Jawabe

الْخُطْبَةُ اْلأُوْلَى

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ, ‏ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْأِنْسَانَ مِنْ طِيْنِ. ثُمَّ جَعَلَ نَسْلَهُ بِمَاءٍ مَّهِيْنٍ. اَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَاشْكُرُهُ وَاَسْتَغْفِرُهُ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ

وَرَسُوْلُهُ وَحِبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْأَنَامِ. وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ يَنَابِيْعِ الْعُلُوْمِ وَالْحِكَمِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

 

Ma’asyiral muslimin   Jama’ah  jum’ah rahimakumullah

Monggo kito samio ningkataken taqwa dhateng Allah, kelawan sa’estu-estunipun taqwa. Inggih meniko kanthi nindaaken sedoyo perintah-perintahipun, lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun, supados kito saget pikantuk kabekjan ndonya lan akhirot.

Ugi monggo kito tansah syukur dhumateng ngarsanipun Allah swt. ingkang sampun parnig pinten-pinten kenikmatan, rohmat lan hidayah sahinggo kito sedoyo saget tetep wonten ing sak lebertipun iman lan islam.

 

Ma’asyiral muslimin   Jama’ah  jum’ah rahimakumullah

Salah setunggalipun tumindak fasik lan dzolim inggih meniko tiyang ingkang supe dhumateng awak pribadinipun piyanbak, ing antawisipun inggih meniko:

 

1. Supe kalih asal usule

     Tiyang ingkan supe kaliyan asal usule piyambak meniko menawi dados tiyang sugih umpaminipun, piyambakipun supe kalih kesusahan ingkang nate dipun lampahi. Nalikanipun dados tiyang ingkang gadah pangkat, piyambake supe menawi asalipun inggih tiyang ingkang biasa, ingkang mboten gadah kedudukan. Nalikanipun dados tiyang ingkang pinter, piyambake supe menawi asalipun bodho mboten saget menopo-menopo. Ngremhaken tiyang sanes meniko sifat ingkan saget medal saking tiyang ingkang supe dhateng awakipun piyambak. Ugi saget ndadosaken takbur lan nentang dhateng sinten kemawon.

Allah swt dhawuh:

أَوَ لَمۡ يَرَ ٱلۡإِنسَٰنُ أَنَّا خَلَقۡنَٰهُ خَلَقۡنَٰهُ مِن نُّطۡفَةٖ فَإِذَا هُوَ خَصِيمٞ مُّبِينٞ وَضَرَبَ لَنَا مَثَلٗا وَنَسِيَ خَلۡقَهُۥۖ ... اَلْآيَةُ

Artosipun:

Lan opoto manungso ora merhate’ake yen Ingsun (Allah) wus ndadeake manungso soko sak tetese banyu, dumadaan dewe’e dadi wong kang mbangkang kanthi nyoto. Lan dewe’e ndadeake perumpamaan marang ingsun lan wis lali asal usul kedadeyane.

 

Ma’asyiral muslimin   Jama’ah  jum’ah rahimakumullah

Ayat meniko ngemutaken dhumateng tiyang ingkan wuto ati lan pikiranipun supados ngelingi asal muasalipun. Sak temene wongkang durhoko maring Allah inggih meniko, tiyang ingkang lali menawi piyamba’e didadeake saking banyu  kang ino. Ananging sarono sifat kuwasane Allah, saget dados manungso ingkang nduweni kaluwihan dipun bandingaken sekathahe mahlukipun Allah ingkang lintunipun.

 

2. Supe kalih piyamba’ipun

     Tiyang ingkang supe kaliyan piyambakipun meniko tiyang ingkang tansah neliti dhumateng tiyang lintunipun, Ngoreksi kalepatanipun tityang lintu, tansah niti-niti kekirangan lan nyelo tiyang lintu. Utawi nganjuraken tiyang lintu nglampahi kesaenan, ananging piyambaipun malah nglaleaken dhateng kewajibanipun piyambak.

Kados dhawuhipun Allah swt:

 

أَتَأۡمُرُونَ ٱلنَّاسَ بِٱلۡبِرِّ وَتَنسَوۡنَ أَنفُسَكُمۡ وَأَنتُمۡ تَتۡلُونَ ٱلۡكِتَٰبَۚ أَفَلَا تَعۡقِلُونَ اَلْآيَةُ

Artosipun:

Onoto siro ngongkon marang manungso nglakoni kebajikan, ananging malah nglaleake kewajibane dewe, padahal siro podho moco kitab, opo siro ora podho mikir.

Ayat meniko nerangaken tumindak ipun tiyang ingkan merintah supoyo ngabukti marang Allah lan nyegah durhoko marang allah, ananging piyambakipun  malah nglakoni opo kang den larang Allah swt.

 

3. Supe kalihan tanggung jawabe dhumateng Allah.

     Kathah tiyang ingkang mlebet wonten ing siksanipun Alah amargi supe kaliyan tanggung jawab ipun dhateng Allah swt. Piyambake supe bilih sedoyo amale badhe dipun suwuni peranggung jawaban wonten ing ngarsanipun Allah swt. Mboten  sadar bilih kedzoliman ingkang dipun lampahi badhe angsal walesan saking Allah swt.

 

Tiyang ingkan kados ngaten meniko termasuk tiyang engkang nyepeleaken tanggung jawabipun dhumateng Allah. Lubere anugrah lan kenikmatan ingkang sampun dipun paringaken Allah, namung dipun dadosaken sarono nuruti howo nafsunipun kemawon.

Rosulullah saw dhawuh:

 

قَالَ لِيْ جِبْرِيْلُ يَا مُحَمَّدُ عِشْ مَا شِئْتَ فَاِنَّكَ مَيِّةٌ وَاَحْبِبْ مَنْ شِئْتَ فَاِنَّكَ مُفَارِقَةٌ عَلَيْهِ وَاعْمَلْ مَا شِئْتَ فَاِنَّكَ مَجْزِيٌّ بِهِ.

Artosipun:

Malaikat jibril dhawuh marang aku: He Muhammad, Uripo siro sak karepmu tapi elingo siro bakal sedo. Demenono sopo kang siro kersani, tapi elingo siro bakal pisah. Ngamalo sak kerso siro, tapi elingo siro bakal nrimo walesane.

 

Saget kito mangertosi saking dhawuh meniko bilih manungso meniko ing akhiripun  akhiripun badhe ngalami pejah. Menopo mawon ingkang dipun senengi badhe dipun tilar sak sampunipun pejah, lan badhe dipun wales sesuwai kaliyan amalipun. Amal ingkang sae dipun wales sae lan amalm ingkang awon dipun wales awon.

Ngaten meniko sami kaliyan dhawuhipun Allah swt:

 فَمَنْ يعْمِلْ مِثۡقَالَ ذَرَّةٍ خَيۡرٗا يَرَهُۥ وَمَن يَعۡمَلۡ مِثۡقَالَ ذَرَّةٖ شَرّٗا يَرَهُ.  

Artosipun:

Sing sopo wonge nglampahi kesaenan sak bobote dzarroh, yekti piyambake bakal ningali walesanipun, lan sopo wonge nglampahi keawonan sak bobote dzarroh, yekti ugo bakal ningali walesanipun.

Kranten meniko kito kedah tansah emut dhumateng tanggung jawab kito dhumateng Allah, kanhi tansah beruha ningktaken kwalitas ngibadah kito kanthi istiqomah supados azab ipun Allah mboten ngenani kito mbenjang wonten ing akhirot.

Alla swt dhawuh:

إِنَّ ٱلَّذِينَ يَضِلُّونَ عَن سَبِيلِ ٱللَّهِ لَهُمۡ عَذَابٞ شَدِيدُۢ بِمَا نَسُواْ يَوۡمَ ٱلۡحِسَابِ 

 

Artosipun: Saktemene wong kang podho sasar saking dalanipun Allah, bakal keno adzab kang banget. Krono wong mau lali marang dino etungan amal.

 

Ma’asyiral muslimin   Jama’ah  jum’ah rahimakumullah

Mekatenlah gambaranipun tiyang ingkang supe dhateng awakipun piyambak, mugi-mugi kito dipun tebihaken saking golonganipun tiyang ingkan supe sahinggo saget slamet wiwit wonten ndunyo ngantos akhirot.

 

Kito kedah yakin bilih menopo kemawon ingkan kito lampahi meniko tansah dipun persani Allah, mboten wonten setunggal amal kemawon ingkang luput saking peningalipun Allah swt. Lan mangke badhe dipun tingalaken dhateng kito sarto dipun suwuni pertanggung jawabanipun. Meniko kedah dipun mangertosi lan dipun sadari supados kito mboten supe dhateng tanggung jawab kito dhumateng ngarsanipun Allah swt.

 

Kanthi merhatosaken dhawuh dhawuh kasebat monggo kito tansah njagi saking lelampahan-lelampahan ingkang awon, ugi tansah nyadari tanggung jawab kito dhumateng ngarsanipun Allah swt.  Lan mugi-mugi sedoyo tindak lampah kito tansah dipun bimbing hidayahipun Allah swt.

 

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ الْمُهْتَدِيْنَ. وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ مِنْ وَرَثَةِ جَنَّةِ النَّعِيْمِ. وَقُلْ رَّبِ اغْفرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الْرَّاحِمِيْنَ.


 

الْخُطْبَةُ الثَّانِيَةٌ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ اَنْ لَّا اِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. سّيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ, وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَاعْلَمُوا اَنَ اللهَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى صَلَّى عَلَى النَّبِى, قَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى, يَآاَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا, صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

  اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ, وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنْ اَصْحَابِ رَسُوْلِ اللهِ اَجْمَعِيْنْ, وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْن, وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ.

  أَللّٰهُمَّ اغْفِرْ, لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ, وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. وَضَعِّفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ, وَكَفِّرْ عَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ, وَارْزُقْهُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ.

     اَللّٰهُمَّ اجْعَلْ, بَلْدَتَنَا هَذِهِ بَلْدَةً طَيِّبَةً آمِنَةً, مُطْمَئِنَّةً وَمُبَارَكَةً, تَجْرِيْ فِيْهَا اَحْكَامُكَ وَسُنَّةُ رَسُوْلِكَ.

     اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ, وَالْوَبَاءَ, وَالْفَخْشَاءَ, وَالْمُنْكَرَ, وَالْبَغْيَ وَالشُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ, وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ, مَاظَهَرَ وَمَا بَطَنَ. مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَآصًّةً, وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةُ. اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ.

اَللّٰهُمَّ سَلِّمْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَعَافِنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَاحْفَظْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَانْصُرْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَاَصْلِحْ اُمُوْرَنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَقِنَا وَاِيَّاهُمْ شَرَّ مَصَائِبِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ.

     رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِأِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْأِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ.

 

رَبَّنَا أَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً, وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ, وَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

 

    عِبَادَ اللهِ, إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ, وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ, وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَامِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِيْكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan Berkomentar Dengan Sopan

 
Lisence by Mohib Asrori | Copright | 2020