Tansah Eling Marang Gusti Allah
الْخُطْبَةُ اْلأُوْلَى
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِىْ نَوَّرَ بِنُوْرِ هِدَايَتِهِ قُلُوْبَ أَهْلِ السَّعَادَةِ. أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى مَا أَوْلاَهُ مِنَ اْلإِحْسَانِ وَأَفَادَهُ. وَأَشْكُرُهُ وَقَدْ تَأَذَّنَ لِلْشَّاكِرِيْنَ بِالزِّيَادَةِ. وأَشْهَدُ أَنْ لاَّ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. فِى رُبُوْبِيَّتِهِ
وَإِلٰهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ وَتَدْبِيْرِ أُمُوْرِ عِبَادِهِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْهَادِىْ إِلَى سَبِيْلِ السَّعَادَةِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ, وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَنْصَارِ الدِّيْنِ وَأَمْدَادِهِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَآ اَيُّهَا النَّاسُ. اِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى, وَاذْكُرُ اللهَ تَطْمَئِنُّ الْأَفْئِدَةَ. وَاتَّعِظُوْا بِالْمَوَاعِظِ الْحَسَنَةِ, وَاتْرُكُوْا الْعَمَلَ السَّيِّئَةَ, تَفُوْزُوْا فِيْى الدُّنْيَا وَاْلآخِرَةِ.Ma’assyirol muslimin, jama’ah jum’ah rohimakumullah …..
Monggo kito samio ningkataken taqwa dhateng Allah swt, kelawan sa’estu-estunipun taqwa. Inggih meniko kanthi ninda’aken sedoyo
dawuh-dawuhpun Allah swt, soho nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Sebab kelawan taqwa meniko, kito saget
pikantuk kabekjan ndonyo
lan akhirot.
Gusti Alloh sampun nyipta’aken jin lan manungso ingkang
dipun paringi dawuh namung supados nyembah dhateng Allah swt. Milo sampun sakmesthinipun kito
sedoyo kedah tansah ngawulo lan emut dhateng Alah, ingkang sampun maringi gesang,
maringi bumi kanggé manggén, ugi werni-werninipun rizki lan fasilitas-fasilitasipun
gesang. Soho
Alloh swt,
sampun paring kesehatan, ugi tetepipun iman
lan Islam wonten ing manah kito.
Dados emut dhateng gusti Alloh meniko murni namung
minagkani raos syukur lan maturnuwun kito dumateng Alloh swt, supados kito langkung dipun
perhatosaken
lan tansah dipun paringi pitedah dénéng Alloh swt.
Alloh swt dawuh :
يَآ أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اذْكُرُوا اللهَ
ذِكْرًا كَثِيرًا. وَسَبِّحُوهُ بُكْرَةً وَأَصِيلاً. هُوَ الَّذِيْ يُصَلِّي
عَلَيْكُمْ وَمَلآئِكَتُهُ لِيُخْرِجَكُمْ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ،
وَكَانَ بِالْمُؤْمِنِينَ رَحِيمًا (الأحزاب
: 41-43)
Artosipun : “Duh wong kang podho iman, élingo siro
kabéh marang gusti Alloh kelawan dzikir (éling) kang akéh, lan mocoho tasbih
siro kabéh ono ing wektu ésuk lan soré, Gusti Alloh iku dzat kang awéh
pangapuro marang siro kabéh supoyo gusti Alloh ngetokno siro soko pepeteng
tumuju marang cahaya kebeneran. Gusti Alloh iku banget welasé kelawan wong kang
podho iman”.
Ayat kasebat nyebatakén bilih kelawan dzikir saged
nyebapaken tiang angsal pitulung saking Alloh swt. Kejawi mekaten, dzikir ugi saget ndadosaken ayemipun lan tentremipun manah, kados
ingkang dipun dawuhaké gusti Alloh :
الَّذِينَ آَمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ
بِذِكْرِ اللهِ، اَلاَ بِذِكْرِ اللهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ (الرعد
: 28)
Artosipun : “… inggih meniko tiang-tiang ingkang iman, lan atiné wong-wong mau dadi
tentrem kelawan éling marang gusti Alloh. élingo! Mung kelawan dzikir (éling)
ing Alloh, mongko ati
biso dadi tentrem”.
Ma’assyirol muslimin, jama’ah jum’ah
rohimakumullah …..
Perlu dipun mangertosi bilih emut dumateng gusti Alloh meniko paling luhur-luhuripun sedoyo ngibadah. Jalaran sedoyo ibadah meniko namung minangkani kanggé
lantaran emut dhumateng gusti Alloh. Wonten setunggalipun dhawuh haditts dipun sebataken:
تَفَكُّرُ
سَاعَةٍ خَيْرٌ مِنْ عِبَادَةِ سَبْعِيْنَ سَنَةً
Artosipun : “Tafakur ingdalem wektu kang sethithik iku
lewih utomo tinimbang ngibadah 70 tahun”.
Déné sirinipun tafakur sekedap, keutama’anipun sanget ageng
sanget kados ngaten meniko, kranten tafakur mboten saget kasil kejawi kelawan
nglanggengaken dzikir mawi lisan sarto khadiripun manah wonten ngarsanipun Alloh
swt. Menawi
saged kados mekaten, mongko saget khasil murninipun éling dumateng Alloh swt.
Saking keterangan kasebat, kito saged mangertosi bilih
sagetipun manah tansah dzikir puniko kedah dipun latih mawi mbiasa’akén dzikir
kelawan lisan sarto ngudi hadiripun manah. Kanjeng Nabi dawuh :
لاَ تُكْثِرُوا الْكَلاَمَ بِغَيْرِ ذِكْرِ اللهِ،
فَإِنَّ كَثْرَةَ الْكَلاَمِ بِغَيْرِ ذِكْرِ اللهِ تَوْرِثُ قَسْوَةَ الْقَلْبِ،
وَإِنَّ أَبْعَدَ النَّاسِ مِنْ اللهِ, اَلْقَلْبُ الْقَاسِيْ.
Artosipun : “Siro kabéh ojo podho ngakéh-ngakéhno
guneman
kelawan sa’liyané dzikir ing Alloh. Krono akéhé guneman kang dudu dzikir ing gusti
Alloh iku biso nyebane atosé ati. Lan sa’temené paling adohé menungso
marang gusti Alloh iku wong kang atos atiné”.
Ma’assyirol
muslimin, jama’ah jum’ah rohimakumullah …..
Milo monggo kito sami nyukuri sedoyo ni’mat lan rohmatipun Alloh kelawan dzikir maring Alloh swt. Sampun ngantos kito nuruti
pengaja’ipun howo nafsu ingkang saget yebapaken kito kebujuk dateng kesenengan
dunyo lan supé dhateng akhirot.
Dzikir maring Alloh meniko mboten cekap namung kanti
nyebut-nyebut lan éling dumateng Alloh swt, ananging kedah dipun bukti’aken
mawi ninda’aken perintahipun Alloh, soho nebihi awisanipun. Déné menawi mboten
kados mekaten, mongko dzikir mboten badhé mbekto fa’idah, amargi déréng netepi
dawuhipun Alloh ingkang sampun perintah supados menungso ngabekti, lan nyembah
dumateng Allah swt.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرآنِ
العَظِيْمِ، وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِالْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ،
إِنَّهُ تَعَالَى جَوَّادٌ كَرِيْمٌ، مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوفٌ رَحِيْمٌ. أَعُوْذُ
بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ﴿ الَّذِينَ آَمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ
قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللهِ، أَلاَ بِذِكْرِ اللهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ.
الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ طُوبَى لَهُمْ وَحُسْنُ مَآبٍ ﴾.
وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.
الْخُطْبَةُ
الثَّانِيَةٌ
اَلْحَمْدُ
لِلّٰهِ
حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ اَنْ لَّا اِلٰهَ
اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ.
وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. سّيِّدُ
الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ,
وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَاعْلَمُوا
اَنَ اللهَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى صَلَّى عَلَى النَّبِى, قَالَ تَعَالَى: إِنَّ
اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى, يَآاَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا,
صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللّٰهُمَّ
اجْعَلْ, بَلْدَتَنَا هَذِهِ بَلْدَةً طَيِّبَةً آمِنَةً, مُطْمَئِنَّةً
وَمُبَارَكَةً, تَجْرِيْ فِيْهَا اَحْكَامُكَ وَسُنَّةُ رَسُوْلِكَ.
اَللّٰهُمَّ
ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ, وَالْوَبَاءَ, وَالْفَخْشَاءَ, وَالْمُنْكَرَ,
وَالْبَغْيَ وَالشُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ, وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ,
مَاظَهَرَ وَمَا بَطَنَ. مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَآصًّةً, وَمِنْ بُلْدَانِ
الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةُ. اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ.
اَللّٰهُمَّ
سَلِّمْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَعَافِنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَاحْفَظْنَا
وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَانْصُرْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَاَصْلِحْ اُمُوْرَنَا
وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَقِنَا وَاِيَّاهُمْ شَرَّ مَصَائِبِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ.
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِأِخْوَانِنَا
الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْأِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ
لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ.
رَبَّنَا
أَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً, وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ, وَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ
رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ, إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ
بِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ, وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهٰى
عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ, وَاشْكُرُوْا عَلَى
نِعَامِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِيْكُمْ, وَلَذِكْرُ
اللهِ أَكْبَرُ.




Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan Berkomentar Dengan Sopan