اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ, ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ ٱلَّذِيْ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ وَجَعَلَ ٱلظُّلُمَٰتِ وَٱلنُّورَۖ ثُمَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ بِرَبِّهِمۡ يَعۡدِلُون- هُوَ ٱلَّذِي خَلَقَكُم مِّن طِينٖ ثُمَّ قَضَىٰٓ أَجَلٗاۖ وَأَجَلٌ مُّسَمًّى عِندَهُ ثُمَّ أَنتُمۡ تَمۡتَرُونَ - وَهُوَ اللَّهُ فِي
السَّمَٰوَٰتِ وَفِي الۡأَرۡضِ يَعۡلَمُ سِرَّكُمۡ وَجَهۡرَكُمۡ وَيَعۡلَمُ مَا تَكۡسِبُونَ - وَاَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْفَتْحُ الْعَلِيْمُ - وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ - وَأَنَّهُ لَعَلَى خُلُقٍ عَظِيْمٍ - اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّاهِيْ عَنْ خُلُقٍ ذَمِيْمٍ - وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اَفْضَلِ الصَّلاَةِ وَالتَّسْلِيْمِ.أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ الْكِرَامُ - اِتَّقُوا اللهَ
فِيْ حَيَاتِكُمْ - كُلُّ اِنْسَانٍ مُتَّجِرٌ فِيْ هَذِهِ الْحَيَاةِ
الْقَصِيْرَةِ بِعُمْرِهِ - وَسَتَرْجِعُوْنَ بَعْدَ مُكَابَدَةِ الْأَمَالِ
وَالْأَفْرَاحِ وَالْأَحْزَانِ اِلَى وَطَنِهِ وَقَرَارِهِ - فَسَعِيْدٌ
بِكَثْرَةِ الْفَوَائِدِ وَالْأَرْبَاحِ, وَمَغْمُوْمٌ مُنْفَرِدٌ بِخُسْرَانٍ لَا
يُلَاقِيْ وَلَا يُتَدَارَكُ بِأَنْوَاعِ الْفَلَاحِ.
Ma’asyiral muslimin Jama’ah jum’ah rahimakumulloh…
Monggo kito tansah ningkataken anggenipun netepi taqwa dhumateng Allah, ingdalem saben wekdal lan panggenan. Kranten namung kanthi
taqwa kito sedoyo saget panggih keslametan ndunyo dumugi akherot.
Monggo kito sami ngati-ngati anggen
kito ngginaaken wekdal, ingdalem gesang wonten ing ngalam dunyo meniko.
Mangetoso bilih manungso gesang wonten ing ngalam dunyo meniko, kados dene
tiyang ingkang dagang, inggih meniko mbeto modal umur.
Saben manungso gesang mesti badhe
wangsul tumuju alam barzah, ing wusono tiyang kolo wau mesthi badhe ngitung,
bathi nopo rugi anggenipun dagang ngamal naliko gesang wonten ing alam dunyo.
Ing akhiripun tiyang kolo wau wonten
ingkang nemu bejo, kranten gadhah bathi ingkang kathah arupi amal ingkang
kathah, lan wonten ingkang nemu rugi lan getun kranten mboten gadhah siso
ngamal ingkang badhe kadamel sangu lampahipun wonten ing akhirot.
Imam ghozali dhawuh wonten ing
kitab ihyak:
اِنَّ النَّاسَ نِيَامٌ, فَاِذَا مَاتُوْ اِنْتَبَهُوْا
Artosipun: Akeh-akehe manungso
urip iku podho turu, mengko yen wis mati lagi podho sadar.
Maksudtipun kathah-kathae tiyang
meniko mboten ngrumaosi menawi piyambakipun badhe sedo, sebab seneng lan repot
urusan dunyo. Ing akhiripun piyambakipun rumaos rugi, getun lan nelongso kang
banget sak sampunipun pejah. Ateges nembe yaqin dhumateng menopo ingkang dipun
dhawuhaken dening Allah lan Rosulipun.
Ma’asyiral muslimin Jama’ah jum’ah rahimakumullah…
Imam Ghozali ugi dawuh wonten ing kitab Bidayatul
Hidayah:
اَلْمُسْلِمُ فِيْ حَقِّ دِيْنِهِ عَلَى ثَلَاثَةِ
دَرَجَاتٍ - مُسْلِمٌ سَالِمٌ: وَهُوَ اَلْمُقْتَصِرُ عَلَى اَدَاءِ الْفَرَائِضِ
وَاجْتِنَابِ الْمَنْهِيَاتِ. وَمُسْلِمٌ رَابِحٌ: وَهُوَ اَلْمُتَطَوَّعُ
بِالْفَضَائِلِ وَالنَّوَافِلِ وَالْقُرُوْبَاتِ. وَمُسْلِمٌ خَاسِرٌ: وَهُوَ
اَلْمُقَصِّرُ عَنِ الَّوَازِمِ وَالسَّارِحِ فِى الْهَذْنَايَاتِ
وَالسَّيِّئَاتِ.
Tiyang muslim meniko menggahipun haq
agami dipun bagi dados tigo:
Kaping sepindah, tiyang islam ingkang slamet: inggih meniko tiyang
islam ingkang namung nglampahi ngamal-ngamal ingkang fardhu, tuwin nebihi
sedoyo awisanipun agami.
Kaping kalih, tiyang islam ingkang untung: inggih meniko tiyang
islam ingkang kejawi nindaaken sedoyo kewajiban lan nebihi larangan, piyamba’ipun
ugi ninda’aken kautaman-kautaman, amal-amal sunah, lan amal-amal ingkang saget
marekaken dhateng Allah swt.
Kaping tigo, tiyang islam ingkang tuno utawi rugi: inggih meniko
tiyang islam ingkang tansah pepeko utawi sembrono anggenipun nglampahi
kewajiban-kewajiban lan tansah nuruti keawonan.
Ma’asyiral muslimin Jama’ah jum’ah rahimakumullah…
Tiyang saget magertosi
piyambakipun manggen wonten tingkatan ingkang pundi saking dhawuh kasebat,
meniko menawi piyambakipun gadhah ilmu. Mangertoso bilih kito sedoyo mboten
saget slamet wonten ing akhirot kejawi mawi ilmu. Lan mboten saget tiyang meniko gadah ilmu menawi tiyang meniko mboten
sabar.
Gesang kito wonten ing ngalam dunyo
meniko dipun sanepaaken kados dene sabin, kangge nandur menopo kemawon, kagem
panenan kito benjang wonten akhirot. Pramilo monggo kito tansah nanem amal-amal
ingkang sahe. Dene taneman ingkang sahe menggahipun agami inggih meniko ilmu.
Pramilo meniko monggo samio ngudi
ngilmu. Sanes ngimu ingkng kathah, nanging ingkang penting inggih meniko ilmu
ingkang manfaat kangge sangu ing akhirot.
Ma’asyiral muslimin Jama’ah jum’ah rahimakumullah…
Tiyang ingkang gadhah ngilmu ananging
piyambakipun tetep nglanggar aturanipun agami kanthi sadar bilih tumindakipun
meniko lepat, meniko langkung ageng dosanipun.
Dipun dhawuhaken wonten ing
hadits:
عَنْ اَبِيْ هُرَيْرَةَ
رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ
وَسَلَّمَ: أَشَدُّ النَّاسِ عَذَابًا
يَوْمِ الْقِيَامَةِ عَالِمٌ لَمْ يَنْفَعْهُ عِلْمُهُ.
Dipun ceritaaken saking Abu
Huroiroh r.a Rosululloh saw dawuh: Manungso kang luwih banget siksone ono ing
dino kiyamat yoiku wong kang anduweni ngilmu, ananging Allah swt ora paring manfaat maring ilmune.
Mugi-mugi Allah tansah paring hidayah
dhumateng manah kulo tuwin panjenengan sedoyo, sahinggo kito dipun dadosaken
golonganipun tiyang ingkan ahli ilmu lan ngamal ingkang manfaat. Amiin…
جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ الْمُهْتَدِيْنَ. وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ مِنْ وَرَثَةِ جَنَّةِ النَّعِيْمِ. وَقُلْ رَّبِ اغْفرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الْرَّاحِمِيْنَ.
الْخُطْبَةُ
الثَّانِيَةٌ
اَلْحَمْدُ
لِلّٰهِ
حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ اَنْ لَّا اِلٰهَ
اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ.
وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. سّيِّدُ
الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ,
وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَاعْلَمُوا
اَنَ اللهَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى صَلَّى عَلَى النَّبِى, قَالَ تَعَالَى: إِنَّ
اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى, يَآاَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا,
صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللّٰهُمَّ
اجْعَلْ, بَلْدَتَنَا هَذِهِ بَلْدَةً طَيِّبَةً آمِنَةً, مُطْمَئِنَّةً
وَمُبَارَكَةً, تَجْرِيْ فِيْهَا اَحْكَامُكَ وَسُنَّةُ رَسُوْلِكَ.
اَللّٰهُمَّ
ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ, وَالْوَبَاءَ, وَالْفَخْشَاءَ, وَالْمُنْكَرَ,
وَالْبَغْيَ وَالشُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ, وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ,
مَاظَهَرَ وَمَا بَطَنَ. مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَآصًّةً, وَمِنْ بُلْدَانِ
الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةُ. اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ.
اَللّٰهُمَّ
سَلِّمْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَعَافِنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَاحْفَظْنَا
وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَانْصُرْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَاَصْلِحْ اُمُوْرَنَا
وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَقِنَا وَاِيَّاهُمْ شَرَّ مَصَائِبِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ.
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِأِخْوَانِنَا
الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْأِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ
لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ.
رَبَّنَا
أَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً, وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ, وَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ
رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ, إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ
بِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ, وَإِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهٰى
عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ, وَاشْكُرُوْا عَلَى
نِعَامِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِيْكُمْ, وَلَذِكْرُ
اللهِ أَكْبَرُ.
Jum'at 10 Jumadil-awal 1441 H / 25 Desember 2020 |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan Berkomentar Dengan Sopan