Jumat, 09 April 2021

Ngadepi Wulan Romadhon

 

Ngadepi Wulan Romadhon


الْخُطْبَةُ اْلأُوْلَى

 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِىْ اَمَرَنَا بِالصِّيَامِ وَاَلْقَى أَدَمَ وَحَوَاءَ فِى الشَّعْبَانَ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى نَبِيِّكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْن.

أَمَّا بَعْدُ, فَيَا مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ, وَتَزَوَدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَالَ تَعَالَى: يَأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ. وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُسْلِمُوْنَ. وَقَالَ النَّبِيُّ صَلَّ اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمْ: اِتَّقُ اللهَ وَصَلُّوْا خَمْسَكُمْ, وَصُوْمُوأ شَهْرَكُمْ, وَاَدُّوْا زَكَاةَ اَمْوَالِكُمْ, وَاَطِيْعُوْا أُمَرَاءَكُمْ, تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ.

 Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah ….

          Monggo kito samio tansah netepi takwa lan taat dateng Allah, wonten ing pundi kemawon papan panggenen lan kawontenan kito, kanthi tansah nindaaken sedoyo  dhawuh-dhawuhipun, lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun, supados kito tansah pikantuk rohmat lan kanugrahan saking Allah swt.

 

Kanjeng Nabi saw. dhawuh:

 

اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا.

Artosipun:

Wediyo siro ing Allah, ono ing endi wae panggonan iro, kelakuan olo iku iringono kelawan kabecian, jalaran kabecian iku biso nglebur ka olonan.

 

         Sampun ngntos kito mangke menawi sampun titiwancinipun pejah, kejawi tetep minongko tiyang muslim ingkang netepi taqwa dhumateng Allah swt. Jalaran inggih namung kanthi taqwa meniko, kito sedoyo badhe saget nggayuh kabekjan wiwit wonten ing ndunyo meniko ngantos mbenjang wonten ing akhirot. Lan takwa meniko saget minongko dados rem ingkang saget mekak saking pendamel olo lan lampah duso. Ringkesipun namung kanthi iman lan taqwa kitho badhe saget kaparinagan rohmat kawilujengan saking ngarsanipun Allah swt.

 

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah …

          Sekedap malih kito badhe manggihi tamu ingkang agung inggih meniko wulan romadhon. Menopo kito sampun siap kangge nyambut tamu agung meniko?. Saget kemawon romadhon ing tahun meniko dados romadhon pungkasan kito sak derengipun sowan dhateng ngarsanipun Allah swt.

 

          Sampun kathah tiyang ing tahun kapengker taksih sesarengan nindaaken siyam, sholat tarwih lan idul fitri kaliyan kito, ananging ing wekdal meniko sampun ninggalaken kito. Berkaitan kaliyan amaliyah wonten sak lebetipun wulan romadhon, Rosulullah paring gambaran: wonten kalih golongan tiyang ingkan nindaaken siyam lan ngibadah wonten ing wulan romadhon.

 

Golongan ingkang kaping sepindah inggih meniko: golonganipun tiyang ingkang pinaringan pangapuro saking duso ingkang katindaaken. Kados dhawuhipun Rosulullah saw:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

Artosipun:

Sopo wonge kang nindaaken siyam romadhon kanti iman, ihlash kerono Allah, lan ngarep ngarep ganjaran saking Allah, tiyang ingkang mekaten badhe dipun ngapuro duso-dusonipun ingkang sampun kapengker.

 

          Maksud ipun, nalikane tiyang siyam romadhon kelawan tansah netepi aturan-aturan syariat, nebihi ghibah utawi ngrasani, lan sedanten perkawis ingkang dipun haromaken, nglampahi kesaenan, ngrekso angguto awake lan pengrungune saking perkawis-ingkang ndadosaken bendune gusti Allah swt, lan kanjeng nabi Muhammad saw, yakin lan mbeneraken janji lan ganjaranipun kerono murih ganjaran saking Allah swt, mongko Allah bakal paring pangapuro dateng duso-dusonipun tiyang niku wau.

 

Kanjeng Nabi saw dhawuh:

الصَّلَوَاتُ الْخَمْسُ وَالْجُمُعَةُ اِلَى الْجُمُعَةِ وَرَمَضَانُ اِلَى رَمَضَانَ مُكَفِّرَاتٌ لِمَا بَيْنَهُنَّ اِذَ اُجْتُنِبَتْ الْكَبَائِرُ.

Artosipun: Ing ndalem antarane sholat kang limo lan antarane Jum’at siji tumeko jum’at kang weneh, lan antarane romadhon kang siji tumeko romadhon kang weneh, iku dadi panglebure piro-pro duso, nalikane duso-duso gedhe den dohi.

 

          Miturut dhawuhipun imam nawawi, maksud ipun hadis meniko bilih sedanten duso-duso dipun ngapuro sak lintunipun duso ageng. Lan nalikanipun tiang niku wau mboten gadah duso, bakal dipun catet dados amal kesaenan lan derajatipun dipun inggahaken.

Golongan kaping kalih inggih meniko: golongan tiyang ingkan sio-sio ngamalipun. Kados dhawuhipun Rosululloh saw:

عَنْ اَبِيْ هُرَيْرَةَ قَالَ: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّ اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: رُبَّ صَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ صِيَامِهِ الْجُوْعُ وَالْعَطَشُ وَرُبَّ قَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ قِيَامِهِ السَّهْرُ.

Artosipun: Dipun iwayataken saking Abu Huroiroh rodhiyallahu ‘anhu Rosulullah  dhawuh: Pirang pirang wong kang poso mung oleh luwe lan ngelak, lan pirang-pirang wong kang ngibadah ono wengine kang mung oleh begadange wae.

 

          Maksud ipun tiyang niku wau mboten angsal ganjaran amargi syarat-syarat ipun poso mboten dipun lampahi, ugi mboten ikhlas lan mboten khusu’ anggenipun nglampahi ngibadah.

 

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah ….

          Saklajengipun badhe kalebet golongan pundi kito meniko? Sedoyo wau tergantung usaha kito lan taufiq saking Allah swt. Wulan romadhon wulan ingkang agung kangge nindaaken kesaenan, sahinggo ampun ngantos kito nyiyak-nyiyaken wekdal ing wulan romadhon. Lan mugi-mugi kito kalebet golonganipun tiyang ingkan dipun gampilaken Allah kagem nindaaken ngibadah ingkan dipun tampi ing ngarsanipun Allah swt.

 

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, يَٰآأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ. بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. اَقُوْلُ قَوْلِ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ. اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.

الْخُطْبَةُ الثَّانِيَةٌ

     اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ. وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَلدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ. اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ. وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَـنَى بِمَلآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى, يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ. وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ. وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَانَ وَعَلِى, وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.  

     اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ. اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّ هُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ.

وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ. وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

     اللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ, وَاْلوَبَاءَ, وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَالْمِحَنَ. مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً. وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً. يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً, وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

 

     عِبَادَاللهِ, إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ, وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ, وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan Berkomentar Dengan Sopan

 
Lisence by Mohib Asrori | Copright | 2020