Jumat, 12 Februari 2021

Khutbah Jum'at Ngadepi Wulan Rojab


 Ngadepi Wulan Rojab

الْخُطْبَةُ اْلأُوْلَى

اِنَّ الْحَمْدَ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ عَلَى نَعْمَائِهِ, وَنَسْتَعِيْنُهُ وَعَلَى الصَّبْرِ فِيْ طَاعَتِهِ, وَنَسْتَغْفِرُوْهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًّا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

 

أَمّا بَعْدُ, فَيَا مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ رَحِمَكمُ اللهُ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَالَّذِيْنَ جَاؤُوْ مِنْ بَعِدِهِمْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِأِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْأِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ.

 

 

Ma’asyiral Muslimin   Jama’ah  Jum’ah rahimakumullah

Monggo kito tansah nambahi taqwa kito dhateng Alloh, kanthi estu-estu tansah netepi taat dateng sedoyo perintah lan dawuh-dawuhipun, soho nilar lan nebihi sedoyo awisanipun. Sampun ngantos nilar kewajiban lan nglirwaaken dawuh-dawuhipun Allah, lan ugi sampun ngantos nerjang awisan-awisanipun.

 

Wonten kawontenan kados menopo kemawon, monggo tansah netepi takwa lan to’at dateng Alloh, supados kito tansah pikantuk rohmat lan kanugrahan, kebahagiyaan gesang wiwit ing ngalam ndunyo meniko ngantos dumugi akhirot. Amiin.

 

Ma’asyiral Muslimin   Jama’ah  Jum’ah rahimakumullah

Gilir gumantinipun mongso, mboten kraos sampun badhe dateng wulan ingkang mulyo menggahipun Alloh, inggih meniko wulan rojab, ingkang insya Alloh benjing sabtu meniko sampun lumebet tanggal setunggal rojab.

 

Alloh swt dawuh:

إِنَّ عِدَّةَ ٱلشُّهُورِ عِندَ ٱللَّهِ ٱثۡنَا عَشَرَ شَهۡرٗا فِي كِتَٰبِ ٱللَّهِ يَوۡمَ خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضَ مِنۡهَآ أَرۡبَعَةٌ حُرُمٞۚ ذَٰلِكَ ٱلدِّينُ ٱلۡقَيِّمُۚ فَلَا تَظۡلِمُواْ فِيهِنَّ أَنفُسَكُمۡۚ

 

Artosipun:

Saktemene wilangan wulan ing ngarso Alloh iku rolas wulan, ing katetepane Alloh wiwit Alloh nyipta’aken langit lan bumi, ing antarane papat wulan harom. iku kabeh katetepane agomo kang lurus, mongko ojo podo tumindak dzolim  ing awak iro kabeh ingdalem  wulan-wulan iku.

 

Ibnu kastir ndawuhaken bilih Alloh ngususaken larangan tumindak dzolim ing wulan-wulan harom, nedahaken bilih tumindak dzolim lan maksiyat ingkang dipun lampahi ing wulan-wulan harom, dosanipun langkun ageng menawi dipun bandingaken ing wulan sanesipun.

 

Sebagianipun ulama’ njelasaken, tumindak dzolim ingkan dipun maksud meniko wonten werni kalih, inggih meniko dzolim maring awak ipun piyambak kelawan peperangan, lan dolim maring awak ipun piyambak kelawan nglampahi pinten-pinten duso.

Dipun dawuhaken wonten ing hadits:

 

فِى السَّنَةُ اِثْنَا عَشَرَ شَهْراً، مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ: ثَلاَثٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُوالْقَعْدَةْ، وَذُوالْحِجَّةْ وَالْمُحَرَّمْ، وَرَجَبُ مُضَرٌّ اَلَّذِي بَيْنَ جَمَّادِى وَشَعْبَانْ. مُتَّفَقٌ عَلَيْهِ

Artosipun:

Ingdalem setahun iku ono rolas wulan, ing antarane ono papat wulan harom: telu wulan kang runtut yoiku Dzul Qa’dah, Dzul Hijjah, lan Muharom. Lan wulan rojab kang kebak kamulyan iku ono ing antarane wulan jumadi lan sya’ban.

 

Pramilo sampun sak mesthinipun wulan rojab ingkang agung lan kalebet wulan harom badhe dateng insya Allah benjing meniko kito mulyaaken. Dene coro kito mulyaaken ing antawisipun kanthi ningkataken ngibadah lan ngathah-ngathahaken dzikir, ndungo lan istighfar nyuwun pangapunten dhumateng Allah swt.

 

Ma’asyiral Muslimin   Jama’ah  Jum’ah rahimakumullah

Kangem hurmat lan mulyaaken wulan rojab, ugi kagem nambahi sangu kito benjang wonten ing akhirot, prayogi kito ningkataken amal ibadah supados tambah sae lan sempurno. Dene ngibadah meniko saget sae menawi ingdalem saklebetipun nindaaken ngibadah dipun landasi tigang perkawis inggih meniko:

Ingkang sepindah: Hubbun utawi remen dhumateng Allah, dipun sarengi kaliyan raos rendah diri.

وَٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ أَشَدُّ حُبّٗا لِّلَّهِۗ

Artosipun:

Wong-wong kang iman iku banget tresnane marang Alloh.

 

Ingkang kaping kalih:  Khouf utawi raos ajrih.

Raos ajrih dateng Alloh meniko ndadosaken kito tunduk patuh dumateng allah sahinggo kito saget nindaaken ngibadah kanthi khusyuk.

 

Ingkang kaping tigo: Roja’ inggih meniko pengarep ngarep.

Raos ajrih dhumateng Alloh kedah dipun barengi kalian raos pengarep-ngarep pikantuk ridho saking Alloh swt.

 

Menikolah tigang perkawis ingkang dados pilar utawi landasanipun ngibadah. Menawi tigang perkawis meniko saget kito wujutaken ingdalem sak lebetipun nglampahi ngibadah, insya Allah ngibadah kito badhe manggihi kekhusyu’an tentrem lan tenangipun ati.

Contonipun: menawi kito nindaaken sholat kanthi mujutaken raos remen dateng Allah, ajrih lan namung ngarep-ngarep ridhanipun Allah, sholat kito badhe kraos entheng, batin dados tenang lan pikiran saget tentrem.

 

Ma’asyiral Muslimin   Jama’ah  Jum’ah rahimakumullah

Ingkang sak lajengipun monggo kito mulyaken wulan rojab kanthi ngathah-ngathahaken istighfar, nyuwun pangapunten dhateng Alllah senahoso kathah lan ageng doso lan lepat kito dhateng Alloh. Kito mboten pareng putus asa lan kedah tansah nyuwun lan ngarep-ngarep rohmatipun Allah swt. Kranten sepinteno anggenipun duso lan lepatipun kawulo meniko, mboten sipinten bilih dipun bandingaken kaliyan agugipun rohmat lan maghfirohipun Alloh swt.

Kanjeng nabi dhawuh:

يَا ابْنَ آدَمَ اِنَّكَ مَا دَعَوْتَنِيْ وَرَجَوْتَنِيْ غَفَرْتُ لَكَ عَلَى مَا كَانَ فِيْكَ وَلَا اُبَالِىْ.

يَا ابْنَ آدَمَ لَوْ بَلَغْتَ ذُنُوْبُكَ عَنَانَ السَّمَاءَ ثمَّسْتَغْفَرْتَنِيْ غَفَرْتُ لَكَ وَلَا اُبَالِىْ.

يَا ابْنَ آدَمَ اِنَّكَ لَوْ اَتَيْتَنِيْ بِقُرْبِ الْأَرْضِ خَطَايَا ثُمَّ لَقِيْتَنِيْ لَا تُشْرِكُ بِيْ شَيْئًا لَأَتَيْتُكَ بِقُرَابِهَ مَغْفِرَةً.

Artosipun:

He anak turune adam, selagine siro nyuwun marang ingsun lan ngarep-ngarep rohmat ingsun, mesthi wae ingsun paring pangpuro marang duso-duso iro lan ingsun ora merduli. He anak turune adam, kok duso iro iku nganti ngebak ngebaki awing awange langit, nuli siro nyuwun marang pangapuro marang Ingsun, mongko Ingsun paring pangapuro marang  siro, lan ingsun ora merduli. He anak turune adam, lamun siro marek maring ingsun koyo dene parek iro marang bumi, kelawan nggowo piro-piro dosa, lan siro ora nyekuthoake maring Ingsun, Mongko Ingsun bakal teko maring siro kelawan pengapuro.

 

Mugi mugi Allah maringi pitedah lan pitulung dateng kito, sahinggo kito saget nindaaken dawuh lan perintahipun, nambahi tho’at lan ngibadah kito ing wulan rojab, ugi tansah kaparingan rohmat lan maghfiroh saking ngarsanipun Alloh swt.

 

 

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ مَغۡفِرَةٖ مِّن رَّبِّكُمۡ وَجَنَّةٍ عَرۡضُهَا ٱلسَّمَٰوَٰتُ وَٱلۡأَرۡضُ أُعِدَّتۡ لِلۡمُتَّقِينَ.  بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ  فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْليِ هٰذَا وَاَسْتَغْفرُ اللهَ الْعَظيْمَ لِيْ وَلَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

  

 

الْخُطْبَةُ الثَّانِيَةٌ

       اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ. وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَلدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ. اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ. وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَـنَى بِمَلآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى, يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ. وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ. وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَانَ وَعَلِى, وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ. وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.  

       اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ. اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّ هُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ. وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ. وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ, وَاْلوَبَاءَ, وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَالْمِحَنَ. مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً. وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً. يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً, وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

 

       عِبَادَاللهِ, إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ, وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ, وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ  .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan Berkomentar Dengan Sopan

 
Lisence by Mohib Asrori | Copright | 2020